Postingan

Menampilkan postingan dengan label Wayang

Pengin Tuku Wayang Emas? Antri 3-4 Sasi Sik.

Gambar
Wayang Jawa wis dianggêp sêni kang kêtinggalan jaman. Akèh wong sing padha ninggalaké budaya lêluhur iki. Tukang gawé wayang ya wis tansaya suda. Nanging, ana kabar apik. Salah sijiné pengrajin wayang sing jênêngé Isyanto saka Ponorogo ndadak dadi kondhang amarga karyané. Isyanto nggawé wayang kang dilapisi êmas. Gambar saka Liputan6.com Dicuplik saka Liputan6.com, Isyanto nuturaké mênawa dhèwèké nggawé wayang sabên dina, malah wong-wong sing arêp tuku kudu antri 3-4 sasi. Wayang Isyanto didol kanthi rêga wiwit 5 yuta nganti puluhan yuta rupiyah, manut rumit orané wayang kang digawé. "Ora bisa sembarangan, contoné bagèyan mripat luwih amba sak milimeter baé wis ora proporsional lan kudu diganti," ujaré Isyanto. Isyanto wis nggawé wayang wiwit taun 1983. Pêlangané ora munè saka Indonésia, nanging uga saka mancanêgara kaya ta Jerman, Belanda, lan Jepang. Malah, dhèwèké wis naté pamèran lan dadi pêmbicara ing negara manca wiwit saka dari Prancis, Belanda, Am