Postingan

Menampilkan postingan dengan label Artikel Jawa

Vokalis Koes Plus Yon Koeswoyo Tilar Donya

Gambar
Kabar lêlayu saka jagad artis ing wiwitan tahun 2018 iki. Yon Koêswoyo, vokalis grup band Koês Plus tilar donya. Bèns Léo sing ngirim wara-wara kabar tilar donyané lêgénda musik Indonésia kasêbut. Yon Koeswoyo meninggal dunia (Kredit gambar : Galih W.Satria Bintang.com) Dicuplik saka Liputan6.com , pêngamat musik iki nuturaké mênawa dhèwèké éntuk kabar iku saka sêduluré Yon Koêswoyo, Nomo Koêswoyo sing uga dikênal dadi pêmusik. "Ya bênêr, aku ditélpon mas Nomo mau ésuk," ujare Bèns Leo marang Liputan6.com . Yon Koêswoyo séda dina Jêmuah (5/1/2017) wanci jam 05.50 WIB ésuk kanthi yuswa 77 taun. "Sak ngêrtiku mas Yon nduwèni komplikasi pênyakit. Wis bola-bali dirumat. Salah sijiné ing rumah sakit ing BSD (Bumi Sêrpong Damai-red). Aku sêmpêt tilik," ujaré Bèns Léo manèh marang  Liputan6.com . Ndhèrèk béla sungkawa kagêm sêdaya kêluwarga almarhum Yon Koêswoyo.

Mburu Bathik Solo Ing Kutha Solo

Gambar
Solo utawa Surakarta mujudaké kutha kang ramé lan dadi salah sijiné objèk wisata kondhang ing Jawa Têngah. Slogan "Spirit of Java" nuduhaké mênawa kutha Solo isih nduwèni tékad gêdhé nguri-uri kabudayan Jawa, salah sijiné bathik Solo. Solo mujudaké salah sijiné kutha kang dadi ikon bathik ing Indonésia. Ing jaman kêrajaan mbiyen, para wanita nyambut gawé dadi tukang mbathik. Pagawéan ing jaman iku pancen eksklusif. Nganti saiki, bathik wis dadi ciri khas kutha Solo. Jinisé bathik Solo manut carané gawé ya iku bathik cap lan bathik tulis. Bathik Solo isih nganggo bahan pêwarna alam kang diarani soga. Motif-motifé ya manéka warna, bathik sidomukti lan sidoluruh mujudaké tuladha motif bathik tulis Solo kang kondhang bangêt. Déné, motif-motif bathik Solo liyané kaya ta motif bathik parang, motif bathik barong, motif bathik kawung lan motif bathik sawat. Tuku bathik ing kutha Solo gampang bangêt. Ing kutha iki, ana Kampung Bathik Lawéyan lan Kampung Bathik Kauman. Kam

Pengin Tuku Wayang Emas? Antri 3-4 Sasi Sik.

Gambar
Wayang Jawa wis dianggêp sêni kang kêtinggalan jaman. Akèh wong sing padha ninggalaké budaya lêluhur iki. Tukang gawé wayang ya wis tansaya suda. Nanging, ana kabar apik. Salah sijiné pengrajin wayang sing jênêngé Isyanto saka Ponorogo ndadak dadi kondhang amarga karyané. Isyanto nggawé wayang kang dilapisi êmas. Gambar saka Liputan6.com Dicuplik saka Liputan6.com, Isyanto nuturaké mênawa dhèwèké nggawé wayang sabên dina, malah wong-wong sing arêp tuku kudu antri 3-4 sasi. Wayang Isyanto didol kanthi rêga wiwit 5 yuta nganti puluhan yuta rupiyah, manut rumit orané wayang kang digawé. "Ora bisa sembarangan, contoné bagèyan mripat luwih amba sak milimeter baé wis ora proporsional lan kudu diganti," ujaré Isyanto. Isyanto wis nggawé wayang wiwit taun 1983. Pêlangané ora munè saka Indonésia, nanging uga saka mancanêgara kaya ta Jerman, Belanda, lan Jepang. Malah, dhèwèké wis naté pamèran lan dadi pêmbicara ing negara manca wiwit saka dari Prancis, Belanda, Am

Rekor Kemenangan Manchester City Putus, Masih Belum Terkalahkan

Gambar
Akhirnya, rekor kemenangan 18 kali secara beruntun milik Manchester City putus juga pada pekan 21 Lga Primer Inggris. Bertandang ke Stadion Selhurs Park, kandang Crystal Palace Minggu (31/12/2017), The Citizens hanya bermain imbang 0-0. Manchester City menguasai jalannya pertandingan dengan 73 persen penguasaan bola, sementara tuan rumah hanya  27 persen. Namun, organisasi pertahanan Crystal Palace berjalan mulus. Semua peluang tim asuhan Pep Guardiola gagal berbuah gol. Walaupun bermain imbang, Manchester City tetap perkasa di puncak klasemen sementara dengan raihan 59 poin, meninggalkan jauh pesaing terdekatnya di peringkat kedua Chelsea dengan jarak 14 angka. Sedangkan Crustal Palace berada di posisi ke-17 dengan 19 angka. Klasemen sementara EPL 2017/18 hingga pekan 21

Wong Déwasa Uga Mbutuhaké Vaksin Diftèri

Gambar
Akhir-akhir iki, lagi akèh kasus pênyêbaran pênyakit diftèri ing Indonésia. Diftèri iku pênyakit infeksi jalaran bakteri Corynebacterium diphtheriae. Ora mung nyêbabaké infeksi baé, malah bisa uga nyêbabaké kêmatian. Mulané, pamarintah nganakaké imunisasi kanggo nyêgah penyakit diftèri. Miturut data World Health Organization ( WHO ), ing periodê 2000 nganti 2015, Indonésia mlêbu 10 daftar nêgara kanthi pênyêbaran diftèri paling gêdhé sadonya. Wondéné, miturut Kementerian Kesehatan ing 2017, ana 6 wêwêngkon kang nduwèni kasus wabah diftèri paling akèh yaiku Jawa Timur 271 kasus, Jawa Barat 95 kasus, Bantên 81 kasus, Acèh 76 kasus, Sumatêra Barat 20 kasus, lan DKI Jakarta 16 kasus. Saka data kasêbut, 18 pêrsené mlêbu kategori déwasa yaiku antarané umur 19-40 taun. Nanging, sing paling gedhé isih umur 1 nganti 18 taun. Sing awakedhéwé mangêrtèni, imunisasi diftèri iku mung kanggo bocah-bocah antarané umur 1-18 taun baé. Nanging, wong-wong déwasa uga mbutuhaké imunisasi diftèri.

7 Mobil Murah Paling Laris 2017

Gambar
Miturut data Gaikindo (Gabungan Industri Kêndaraan Bêrmotor Indonesia) mobil murah utawa Low Cost Green Car ( LCGC ) wis didol nganti tembus 218.358 unit ing taun 2017. Mobil LGCC iki dadi sègmèn paling laris nomêr loro sawisé Low Multi Purpose Vehicle ( LMPV ). Mèrêk kang mélu program iki kayata Daihatsu, Datsun, Honda, Suzuki, lan Toyota.  Toyota Calya mobil murah paling laris 2017 Toyota Calya Miturut data  wholesales (pabrik nyang dilêr) pèriodê Januari 2017 nganti Novèmbêr 2017, Toyota Calya dadi mobil murah paling laris. Mobil kang nduwèni kapasitas pitung (7) pênumpang iki wis laku 68.038 unit ing 11 sasi pungkasan. Cacah iku munggah kêtimbang taun wingi, mung laku 39.761 unit. Daihatsu Sigra Déné, Daihatsu Sigra ana ing nomêr telu mobil paling laris kanthi 41.538 unit kang laku didol utawa munggah saka pèriodê kang padha karo taun wingi yaiku mung 26.289 unit. Honda Brio Satya Honda Brio Satya dadi mobil paling laris nomêr têlu kanthi total 39.401 unit ka

4 Mupangaté Daging Iwak Salmon Kanggo Kêséhatan

Gambar
Salmon dadi salah sijiné iwak kang wis kondhang mupangaté kanggo kasarasan utamané kasarasan jantung lan ngréwangi ngudhunaké bobot awak. Nanging pranyata, iwak Salmon uga nduwèni mupangat liyané yaiku : Ngudhunak é  têkanan dharah Miturut buku ' Healing Foods' , iwak Salmon nduwèni kandhutan asam lemak omega-3, asam eicosapentaenic (EPA), dan asam docosahexaenoic.  Yèn dikombinasèkké karo asam lemak omega 3 bisa ngréwangi ngudhunaké tekanan dharah . Iwak Salmon uga apik bangêt kanggo kêséhatan kardio-vaskular. Ngurangi bobot awak Salmon uga diarani dadi salah sijiné panganan sing nduwèni proporsi protein gêdhé bangêt. Wong sing kêpingin ngudhunaké bobot awak kanthi cara séhat, iwak Salmon bisa dadi solusi paling apik. Iwak Salmon nduwèni kandhutan lêmak luwih sithik kêtimbang umumé daging mérah. Ngundhakak é  daya ingat Wong-wong sing nduwèni masalah daya ingat, salmon bisa dadi salah sijiné nutrisi pênting. Salmon nduwèni kandhutan asam lemak omeg