Postingan

Menampilkan postingan dengan label Berita

Bebas Saka Kasus Raja Pati Kim Jong nam, Siti Aisyah Maturnuwun Marang Bapak Jokowi

Gambar
Siti Aisyah akhire bebas. Dheweke banjur maturnuwun marang Presiden Joko Widodo lan pamarintah sing wis nulung proses pembebasane saka dakwaan raja pati Kim Jong Nam, ponakane Kim Jong Un Senen (11/03/2019) wingi. "Maturnuwun dhumateng Presiden kula, Pak Jokowi. Maturnuwun bapak-bapak Menteri dan bapak Duta Besar Indonesia," ujare Siti Aisyah ing konferensi pers ing KBRI Kuala Lumpur. Siti Aisyah dikancani Menteri Hukum dan HAM, Yasonna Laoly dan Duta Besar Indonesia untuk Malaysia, Rusdi Kirana. Siti uga maturnuwun marang pamarintah Malaysia sing wis mbebasne dheweke. Siti Aisyah uga ora lali maturnuwun marang tim pengacara Gooi Soon Seng cs sing wis kerja kanthi tenanan nulung dheweke satemah bisa bebas saka dakwaan ing persidangan. Siti Aisyah ngakoni menawa dheweke ngrasa bungah bisa metu saka jiretan hukum. "Kula saestu ngrasa bungah. Kula mboten nyana menawi dinten menika, dinten kebebasan kula," ujare Siti Aisyah sing nganggo jilbab a