Postingan

Menampilkan postingan dengan label Batik

Mburu Bathik Solo Ing Kutha Solo

Gambar
Solo utawa Surakarta mujudaké kutha kang ramé lan dadi salah sijiné objèk wisata kondhang ing Jawa Têngah. Slogan "Spirit of Java" nuduhaké mênawa kutha Solo isih nduwèni tékad gêdhé nguri-uri kabudayan Jawa, salah sijiné bathik Solo. Solo mujudaké salah sijiné kutha kang dadi ikon bathik ing Indonésia. Ing jaman kêrajaan mbiyen, para wanita nyambut gawé dadi tukang mbathik. Pagawéan ing jaman iku pancen eksklusif. Nganti saiki, bathik wis dadi ciri khas kutha Solo. Jinisé bathik Solo manut carané gawé ya iku bathik cap lan bathik tulis. Bathik Solo isih nganggo bahan pêwarna alam kang diarani soga. Motif-motifé ya manéka warna, bathik sidomukti lan sidoluruh mujudaké tuladha motif bathik tulis Solo kang kondhang bangêt. Déné, motif-motif bathik Solo liyané kaya ta motif bathik parang, motif bathik barong, motif bathik kawung lan motif bathik sawat. Tuku bathik ing kutha Solo gampang bangêt. Ing kutha iki, ana Kampung Bathik Lawéyan lan Kampung Bathik Kauman. Kam