Aja Salah, Sambel Uga Duwe Nutrisi Sing Apik Kanggo Awak Lho

Sugeng rawuh para sedulur,

Piye kabare?

Sega tanpa sambel kuwi kurang jangkep :)

Sanajan mung gur kanggo jangkep-jangkep, jebule sambel ki uga nduweni nutrisi.

Sambel uenaaak!! via Wikimedia.org
Miturut Prof Ir Ahmad Sulaeman PhD saka Fakultas Ekologi Manusia Institut Pertanian Bogor (IPB), neng njerone lombok iku ana zat capcaisin sing marahi lombok rasane dadi pedhes lan ngewangi metabolisme ana in njero awak manungsa.

Nek Jenengan seneng sambel tomat, tomat iki uga nduweni serat (fiber), lycophene lan beta karoten sing nduweni sifat antioksidan kanggo nangkal radikal bebas dan ngalusake kulit.

Beda maneh nek sambel brambang. Ning njerone brambang (bawang merah, Indonesia) ana alliin sing bisa dadi antimikroba dan mudhunake kolesterol. Lan ana uga flavanoid sing dadi antiinflamasi.

Nek kepedhesen piye cara ngilangke?

Cukup ngombe wedang anget amarga banyu sing rada panas bisa cepet "netralake" panas saka lombok.

Konsultan saluran cerna saka Rumah Sakit Cipto Mangunkusumo (RSCM), dr Ari Fahrial Syam, SpPD-KGEH, FINASIM, ngomong nek lombok uga nduweni serat lan vitamin (khususe Vitamin C dan A), mineral sarta antioksidan.

Nanging Jenengan aja nganti kalap anggone mangan sambel nggih Lur :)

Kakehan mangan sambel malah bisa gawe lara maag Jenengan kambuh. Dr. Ari uga nyebutake, kanggo saperangane wong, nek mangan sambele kakehen uga bisa nyebabake lara diare.

*Cathetan:
Tulisan iki tak terjemahake saka Detik Health.

Komentar

Artikel Lainnya

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa Tentang Candi Borobudur

Karangan Narasi Dalam Bahasa Jawa Beserta Contoh dan Terjemahannya

Contoh Percakapan Bahasa Jawa Antara Bapak dan Anak